Ketuhanan
1. Pangeran iku siji, ana ing ngendi papan
langgeng, sing nganakake jagad iki saisine, dadi
sesembahane wong sak alam kabeh, nganggo
carane dhewe-dhewe. (Tuhan itu tunggal, ada di
mana-mana, yang menciptakan jagad raya
seisinya, disembah seluruh manusia sejagad
dengan caranya masing-masing)
2. Pangeran iku ana ing ngendi papan, aneng
siro uga ana pangeran, nanging aja siro wani
ngaku pangeran. (Tuhan ada di mana saja, di
dalam dirimu juga ada, namun kamu jangan
berani mengaku sebagai Tuhan)
3. Pangeran iku adoh tanpa wangenan, cedhak
tanpa senggolan. (Tuhan itu berada jauh namun
tidak ada jarak, dekat tidak bersentuhan)
4. Pangeran iku langgeng, tan kena kinaya
ngapa, sangkan paraning dumadi. (Tuhan itu
abadi dan tak bisa diperumpamakan, menjadi
asal dan tujuan kehidupan)
5. Pangeran iku bisa mawujud, nanging
wewujudan iku dudu Pangeran. (Tuhan itu bisa
mewujud namun perwujudannya bukan Tuhan)
6. Pangeran iku kuwasa tanpa piranti, akarya
alam saisine, kang katon lan kang ora kasat
mata. (Tuhan berkuasa tanpa alat dan pembantu,
mencipta alam dan seluruh isinya, yang tampak
dan tidak tampak)
7. Pangeran iku ora mbedak-mbedakake
kawulane. (Tuhan itu tidak membeda-bedakan
(pilih kasih) kepada seluruh umat manusia)
8. Pangeran iku maha welas lan maha asih,
hayuning bawana marga saka kanugrahaning
Pangeran. (Tuhan Maha Belas-Kasih, bumi
terpelihara berkat anugrah Tuhan)
9. Pangeran iku maha kuwasa, pepesthen saka
karsaning Pangeran ora ana sing bisa
murungake. (Tuhan itu Mahakuasa, takdir
ditentukan atas kehendak Tuhan, tiada yang bisa
membatalkan kehendak Tuhan)
10. Urip iku saka Pangeran, bali marang
Pangeran. (Kehidupan berasal dari Tuhan dan
akan kembali kepada Tuhan)
11. Pangeran iku ora sare. (Tuhan tidak pernah
tidur)
12. Beda-beda pandumaning dumadi. (Tuhan
membagi anugrah yang berbeda-beda)
13. Pasrah marang Pangeran iku ora ateges ora
gelem nyambut gawe, nanging percaya yen
Pangeran iku maha Kuwasa. Dene kasil orane
apa kang kita tuju kuwi saka karsaning
Pangeran. (Pasrah kepada Tuhan bukan berarti
enggan bekerja, namun percaya bahwa Tuhan
Menentukan)
14. Pangeran nitahake sira iku lantaran biyung
ira, mulo kudu ngurmat biyung ira. (Tuhan
mencipta manusia dengan media ibumu, oleh
sebab itu hormatilah ibumu)
15. Sing bisa dadi utusaning Pangeran iku ora
mung jalma manungsa wae. (Yang bisa menjadi
utusan Tuhan bukan hanya manusia saja)
16. Purwa madya wasana. (zaman awal/
sunyaruri, zaman tengah/ mercapada, zaman
akhir/ keabadian)
17. Owah gingsiring kahanan iku saka karsaning
Pangeran kang murbeng jagad. (Berubahnya
keadaan itu atas kehendak Tuhan yang mencipta
alam)
18. Ora ana kasekten sing madhani pepesthen
awit pepesthen iku wis ora ana sing bisa
murungake. (Tak ada kesaktian yang menyamai
takdir Tuhan, sebab takdir itu tidak ada yang
bisa membatalkan)
19. Bener kang asale saka Pangeran iku lamun
ora darbe sipat angkara murka lan seneng gawe
sangsaraning liyan. (Bener yang menurut Tuhan
itu bila tidak memiliki sifat angkara murka dan
gemar membuat kesengsaraan orang lain)
20. Ing donya iki ana rong warna sing diarani
bener, yakuwi bener mungguhing Pangeran lan
bener saka kang lagi kuwasa. (Kebenaran di
dunia ada dua macam, yakni benar menurut
Tuhan dan benar menurut penguasa)
21. Bener saka kang lagi kuwasa iku uga ana
rong warna, yakuwi kang cocok karo benering
Pangeran lan kang ora cocok karo benering
Pangeran. (Benar menurut penguasa juga
memiliki dua macam jenis yakni cocok dengan
kebenaran menurut Tuhan dan tidak cocok
dengan kebenaran Tuhan)
22. Yen cocok karo benering Pangeran iku ateges
bathara ngejawantah, nanging yen ora cocok
karo benering Pangeran iku ateges titisaning
brahala . (Kebenaran yang sesuai dengan
kebenaran menurut Tuhan, itu berarti tuhan yang
mewujud, namun bila tidak sesuai dengan
kebenaran menurut Tuhan, berarti penjelmaan
angkara)
23. Pangeran iku dudu dewa utawa manungsa,
nanging sakabehing kang ana iki uga dewa lan
manungsa asale saka Pangeran. (Tuhan itu
bukan dewa atau manusia, namun segala yang
ada (dewa dan manusia) adanya berasal dari
Tuhan.
24. Ala lan becik iku gandengane, kabeh kuwi
saka karsaning Pangeran. (Keburukan dan
kebaikan merupakan satu kesatuan, semua itu
sudah menjadi rumus/kehendak Tuhan)
25. Manungsa iku saka dating Pangeran mula
uga darbe sipating Pangeran. (Manusia berasal
dari zat Tuhan, maka manusia memiliki sifat-
sifat Tuhan)
26. Pangeran iku ora ana sing Padha, mula aja
nggambar-nggambarake wujuding Pangeran.
(Tidak ada yang menyerupai Tuhan, maka
janganlah melukiskan dan menggambarkan
wujud tuhan)
27. Pangeran iku kuwasa tanpa piranti, mula
saka kuwi aja darbe pangira yen manungsa iku
bisa dadi wakiling Pangeran. (Tuhan berkuasa
tanpa perlu pembantu, maka jangan menganggap
manusia menjadi wakil Tuhan di bumi)
28. Pangeran iku kuwasa, dene manungsa iku
bisa. (Tuhan itu Mahakuasa, sementara itu
manusia hanyalah bisa)
29. Pangeran iku bisa ngowahi kahanan apa wae
tan kena kinaya ngapa. (Tuhan mampu merubah
keadaan apa saja tanpa bisa dibayangkan/
perumpamakan)
30. Pangeran bisa ngrusak kahanan kang wis ora
diperlokake, lan bisa gawe kahanan anyar kang
diperlokake. (Tuhan mampu merusak keadaan
yang tidak diperlukan lagi, dan bisa membuat
keadaan baru yang diperlukan)
31. Watu kayu iku darbe dating Pangeran,
nanging dudu Pangeran. (Batu dan kayu adalah
milik zat Tuhan, namun bukanlah Tuhan)
32. Manungsa iku bisa kadunungan dating
Pangeran, nanging aja darbe pangira yen
manungsa mau bisa diarani Pangeran. (Di dalam
manusia dapat bersemayam zat tuhan, akan
tetapi jangan merasa bila manusia boleh disebut
Tuhan)
33. Titah alus lan titah kasat mata iku kabeh
saka Pangeran, mula aja nyembah titah alus
nanging aja ngina titah alus. (Makhluk halus dan
makhluk kasar/wadag semuanya berasal dari
tuhan, maka dari itu jangan menyembah makhluk
halus, namun juga jangan menghina makluk
halus)
34. Samubarang kang katon iki kalebu titah kang
kasat mata, dene liyane kalebu titah alus.
(Semua yang tampak oleh mata termasuk
makhluk kasat mata, sedangkan lainnya
termasuk makhluk halus)
35. Pangeran iku menangake manungsa senajan
kaya ngapa . (Tuhan memenangkan manusia
walaupun seperti apa manusia itu)
36. Pangeran maringi kawruh marang manungsa
bab anane titah alus mau. (Tuhan memberikan
pengetahuan kepada manusia tentang eksistensi
makhluk halus)
37. Titah alus iku ora bisa dadi manungsa lamun
manungsa dhewe ora darbe penyuwun marang
Pangeran supaya titah alus mau ngejawantah.
(Makhluk halus tidak bisa menjadi manusia bila
manusia tidak punya permohonan kepada Tuhan
agar makhluk halus menampakkan diri)
38. Sing sapa wani ngowahi kahanan kang lagi
ana, iku dudu sadhengah wong, nanging
minangka utusaning Pangeran. (Siapa yang
berani merubah keadaan yang terjadi, bukanlah
sembarang orang, namun sebagai “utusan”
tuhan)
39. Sing sapa gelem nglakoni kabecikan lan ugo
gelem lelaku, ing tembe bakal tampa
kanugrahaning Pangeran . (Siapa saja yang
bersedia melaksanakan kebaikan dan juga mau
“lelaku” prihatin, kelak akan memperoleh
anugrah tuhan)
40. Sing sapa durung ngerti lamun piyandel iku
kanggo pathokaning urip, iku sejatine durung
ngerti lamun ana ing donyo iki ono sing ngatur.
(siapa yang belum paham, lalu menganggap
sipat kandel itu sebagai rambu-rambu hidup,
yang demikian itu sesungguhnya belum
memahami bila di dunia ini ada yang mengatur)
41. Sakabehing ngelmu iku asale saka Pangeran
kang Mahakuwasa. (Semua ilmu berasal dari
Tuhan yang Mahakuasa)
42. Sing sapa mikani anane Pangeran, kalebu
urip kang sempurna. (Siapa yang mengetahui
adanya Tuhan, termasuk hidup dalam
kesempurnaan).
Lebih Menarik Lagi: